Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 99

99
MASMUR 99
Pangeran Yehuwah, Ratu kang suci
99:1-9
1 # Pa 25:22 Pangeran Yehuwah iku Ratu, para bangsa banjur padha gumeter,
Panjenengane adhedhampar ana ing kerub,
bumi banjur gonjang-ganjing!
2Pangeran Yehuwah iku mahaagung ana ing Sion,
luhure ngungkuli sakehing bangsa.
3Kajengipun sami ngrepekaken pamuji sokur dhumateng asma paduka ingkang agung, saha nggegirisi punika.
Panjenenganipun punika suci!
4Ratu ingkang santosa, ingkang remen dhateng angger-angger,
Paduka ingkang njejegaken kaleresan,
angger-angger lan kaadilan wonten ing antawising turunipun Rama Yakub,
Paduka ingkang nindakaken.
5Linuhurna Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,
sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane ancik-anciking sampeyane,
Panjenengane iku suci!
6Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame,
tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane,
iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.
7 # Pa 33:9 Padha dipangandikani saka ing tugu mega,
kabeh wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake.
8Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka sampun paring wangsulan dhumateng tiyang wau sadaya.
Paduka punika Gusti Allah, ingkang remen ngapunten tumrap para tiyang punika,
nanging ingkang ugi paring piwales dhateng pandamelipun.
9Padha ngluhurna Sang Yehuwah, Gusti Allah kita,
sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane gununge kang suci,
awit Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita iku suci.

Atualmente Selecionado:

JABUR 99: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login