Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 98

98
MASMUR 98
Wektune karahayon wus cedhak
98:1-9
1Masmur.
Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar,
awit Panjenengane wus nindakake kaelokan;
kaunggulan wus kaangsalake dening Panjenengane kalawan astane kang tengen
tuwin baune kang suci.
2Pangeran Yehuwah wus ngundhangake karaharjan kang saka ing Panjenengane,
sarta wus mbabar kaadilane ana ing ngareping mripate para bangsa.
3Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel,
sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.
4He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah,
padha bungah-bungaha, surak-suraka, lan ngidungna masmur!
5Padha ngidungna masmur kagem Pangeran Yehuwah kalawan clempung,
kalawan clempung sarta lagu kang laras,
6kalawan nafiri lan kalasangka kang nganyut-anyut,
padha surak-suraka ana ing ngarsane Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah!
7Segara saisine kareben padha gumuruh,
mengkono uga, jagad dalah kang padha ngenggoni.
8Kali-kali cikben padha keplok-keplok,
lan gunung-gunung kareben padha surak-surak bebarengan
9ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah,
awit Panjenengane rawuh ngadili bumi,
jagad bakal diadili ing sabenere,
tuwin para bangsa kalawan kabeneran.

Atualmente Selecionado:

JABUR 98: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login