Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 128

128
MASMUR 128
Berkahing kulawarga
128:1-6
1Kidung jiyarah.
Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,
sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.
2Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu,
rahayu kowe lan becik kaananmu!
3Rabimu bakal dadi kaya wit anggur kang subur
ana ing jerone omahmu;
lan anak-anakmu kaya trubusaning wit jaitun
kang ngupengi mejamu.
4Lah kaya mangkono anggone bakal kaberkahan
wong lanang kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah.
5Sang Yehuwah muga mberkahana kowe saka ing Sion,
sarta kowe muga menangana karaharjane Yerusalem sajegmu urip,
6sarta muga menangana anak-anake anak-anakmu!
Tentrem rahayu anaa ing Israel!

Atualmente Selecionado:

JABUR 128: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login