Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 129

129
MASMUR 129
Luwar saka ing kasangsaran
129:1-8
1Kidung jiyarah.
Banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom,
– kareben Israel ngucap mangkono –
2banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom,
ewadene padha ora bisa ngalahake aku.
3Wong mluku, mluku ana ing gegerku,
alurane waluku didawakake.
4Pangeran Yehuwah iku adil, lan kang medhoti
dhadhunge wong duraka.
5Sakehe wong kang sengit marang Sion
bakal padha kawirangan lan bakal mundur.
6Padha kaya suket ing payon,
kang alum sadurunge dibedhol,
7kang ora digegem dening tangane wong ngarit,
utawa dirakupi dening kang mbenteli,
8satemah wong kang padha liwat ora ngucap:
“Berkahe Sang Yehuwah anaa ing kowe kabeh!
Aku padha mberkahi kowe kabeh ing asmane Sang Yehuwah!”

Atualmente Selecionado:

JABUR 129: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login