YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 66

66
MASMUR 66
Kidung pamuji sokur amarga Gusti Allah ngluwari bangsa Israel
66:1-20
1Kanggo lurah pasindhen.
Kidung masmur.
He salumahing bumi, surak-suraka kagem Gusti Allah!
2Kamulyane asmane padha kidungna, Panjenengane luhurna kalawan pepujian!
3Munjuka marang Gusti Allah: “Saiba anggenipun nggegirisi sadaya pakaryan Paduka punika;
amargi saking agunging panguwaos Paduka,
mengsah Paduka temah sami teluk, ngempek-empek dhumateng Paduka.
4Sajagad sadaya sujud nyembah dhumateng Paduka,
saha sami ngidungaken masmur konjuk ing ngarsa Paduka,
tuwin ngidungaken masmur asma Paduka.” (Selah)
5Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah;
ngebat-ebati kang ditandukake marang manungsa.
6 # Pa 14:21; Ys 3:14-17 Segara diwalik dadi dharatan,
wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan.
Awit saka iku kita padha sukarena marga saka Panjenengane,
7kang mrentah kanthi santosa ing salawase,
kang mirsani para bangsa kalawan paningale.
Wong kang padha mbalela ora bisa gumunggung. (Selah)
8He para bangsa, Gusti Allah kita padha saosana puji,
lan padha ngunjukna pepujian marang Panjenengane!
9Panjenengane kang nguripi nyawa kita
sarta ora marengake manawa sikil kita padha gloyoran.
10Amargi Paduka sampun ndadar kawula, dhuh Allah,
sampun Paduka besot kadosdene mbesot selaka.
11Paduka sampun mbekta kawula lumebet ing jaring;
tuwin boyok kawula Paduka tumpangi momotan.
12Paduka kendelaken kemawon tiyang-tiyang ingkang sami ngicak-icak sirah kawula,
kawula sampun lumebet ing latu lan ing toya;
nanging samangke kawula sampun Paduka wedalaken temahan lajeng luwar.
13Kawula badhe sowan lumebet ing padaleman Paduka ngaturaken kurban obaran,
saha ngluwari nadar kawula konjuk dhumateng Paduka,
14inggih punika nadar ingkang kawedal saking lambe kawula,
sarta kaucapaken cangkem kawula, nalika kawula nandhang sisah.
15Kurban-kurban obaran warni kewan leman ingkang badhe kawula aturaken dhumateng Paduka,
kanthi kumeluning kurban menda-menda jaler;
kawula badhe nyaosaken lembu punapadene menda jaler. (Selah)
16He kowe kabeh kang padha ngabekti marang Gusti Allah padha ngrungokna,
aku arep nyritakake
apa kang katandukake Pangeran marang aku.
17Aku wus sesambat marang Panjenengane kalayan cangkemku,
saiki aku ngidungake pepujian kalawan ilatku.
18Saupama ing atiku ana pangangen-angen kang ala,
Pangeran mesthi ora karsa miyarsakake.
19Nanging nyatane Gusti Allah wus miyarsakake,
sarta wus migatosake pandongaku kang dakucapake.
20Pinujia Gusti Allah, kang ora nampik pandongaku
lan ora nyukengi sih-kadarmane marang aku.

Currently Selected:

JABUR 66: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in