YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 65

65
MASMUR 65
Kidung panuwun awit saka berkahe Gusti Allah
65:1-14
1Kanggo lurah pasindhen.
Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.
2Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion,
sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka.
3Paduka ingkang midhangetaken pandonga.
Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka
4amargi kalepatan.
Manawi panerak kawula nglangkungi kakiyatan kawula,
Paduka ingkang nglebur.
5Rahayu tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak,
supados manggen wonten ing plataran Paduka!
Kawula sami katuwukan ing kaendahanipun padaleman Paduka,
inggih kadhaton Paduka ingkang suci.
6Dhuh Allah Pamarta kawula,
Paduka ingkang dados andel-andelipun salumahing bumi,
dalasan pulo ingkang tebih-tebih;
kalayan pandamel ingkang ngedab-edabi sanget
saha kalayan kaadilan anggen Paduka paring wangsulan dhumateng kawula.
7Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi mawi kakiyatan Paduka,
Paduka ingkang apaningset karosan;
8Paduka ingkang nyirep gumuruhipun saganten,
sarta jumlegeripun alun, punapadene gegeripun para bangsa!
9Awit saking punika tiyang-tiyang ingkang manggen ing poncot-poncoting bumi sami ajrih dhateng pratandha-pratandha kaelokan Paduka;
papan jumedhulipun enjing tuwin sonten,
Paduka damel asurak-surak.
10Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan,
kalenipun Gusti Allah peres toyanipun,
gandumipun Paduka cawisaken,
inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun:
11Aluranipun Paduka elebi toya,
prongkalanipun Paduka telesi,
Paduka dadosaken leleran kalayan deresing jawah,
tetuwuhanipun Paduka berkahi.
12Taunipun Paduka makuthani klayan kamirahan Paduka,
tipaking pada Paduka ngedalaken gajih.
13Pasiten ing ara-ara samun tetes-tetes toyanipun,
pareden-pareden sami abingah-bingah,
14pangenan-pangenan sami kebak menda gembel,
lebak-lebak sami kinemulan gandum,
samudayanipun sami asurak-surak saha sami ngidung-ngidung.

Currently Selected:

JABUR 65: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in