YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 67

67
MASMUR 67
Kidung panuwun marga sakehing berkah peparinge Gusti Allah
67:1-8
1Kanggo lurah pasindhen.
Binarung swaraning clempung. Masmur. Kidungan.
2Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita,
Panjenengane muga karsaa nyunari kita kalawan wadanane, (Selah)
3supados margi Paduka kasumerepan wonten ing bumi,
saha karahayon peparing Paduka wonten ing satengahing bangsa sadaya.
4Dhuh Allah, para bangsa mugi sami ngucapa sokur dhumateng Paduka;
para bangsa mugi sami ngucap sokur dhumateng Paduka sadaya.
5Para suku bangsa mugi sami sukarenaa, tuwin surak-suraka,
amargi Paduka ngereh para bangsa kanthi adil,
lan para suku bangsa ing salumahing bumi sami Paduka tuntun. (Selah)
6Dhuh Allah, para bangsa mugi sami memujia dhumateng Paduka,
Paduka pinujia dening sadaya bangsa.
7Bumi wus menehake pametune,
Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.
8Gusti Allah mberkahi kita;
salumahing bumi muga ngabektia marang Panjenengane.

Currently Selected:

JABUR 67: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in