YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 68

68
MASMUR 68
Arak-arakan kaunggulane Gusti Allah
68:1-36
1Kanggo lurah pasindhen.
Masmur anggitane Prabu Dawud. Kidungan.
2Allah jumeneng, mungsuhe padha buyar,
wong kang padha sengit marang Panjenengane larud saka ing ngarsane.
3Sami kados kukus kabur sirna,
kados lilin ajer wonten ing sangajenging latu,
makaten tumpesipun tiyang duraka wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.
4Nanging para tiyang mursid sami bingah-bingah,
sami sumyak-sumyak wonten ing ngarsanipun Gusti Allah,
sami gambira lan sukarena.
5Padha ngidunga kagem Gusti Allah, asmane luhurna kalawan masmur,
gawea dalan kagem Panjenengane, kang ngagem titihan kang nratas ing mega!
Asmane yaiku Yehuwah, bungah-bungaha ana ing ngarsane!
6Ramane para bocah lola lan pangayomane para randha,
iku Gusti Allah kang ana ing kadhatone kang suci;
7wong kang kesepen sanak sadulur padha diparingi papan panggonan,
wong tawanan padha diluwari, temah padha rumangsa begja,
nanging wong mbalela padha andhok ana ing tanah gundhul.
8 # Pa 19:18 Dhuh Allah, kala Paduka mangsah perang wonten ing ngajengipun umat Paduka,
nalika Paduka tindak ngambah ing pasamunan, (Selah)
9bumi gonjang-ganjing, malah langit nurunaken jawah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah;
redi Sinai hoyag wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Allahipun Israel.
10Dhuh Allah, Paduka ngesokaken jawah kalayan mirah;
siti kagungan Paduka ingkang garing Paduka pulihaken,
11temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku;
dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka,
Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes.
12Pangeran paring pangandika;
wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.
13Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng,
para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.
14Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang?
Swiwining manuk dara padha diselut selaka,
sarta elare kaselut ing emas kang mencorong.
15Nalika Kang Mahakawasa mbuyarake para raja ana ing kono,
gunung Zalmon banjur kaudanan ing salju.
16Gunung Basyan iku gunung kagungane Gusti Allah,
gunung Basyan iku gunung kang pucake akeh!
17He gunung-gunung kang pucake akeh, yagene kowe padha ewa mleroki gunung kang dikarsakake dening Gusti Allah dadi padalemane?
Lah Pangeran Yehuwah bakal dedalem ana ing kono ing salawase.
18Karetane Gusti Allah iku puluhan ewu,
malah ewon kehe,
Pangeran wus tedhak saka ing gunung Sinai lumebet ing padaleman suci.
19 # Ef 4:8 Paduka sampun sumengka dhateng ing ngaluhur, mbandhangi para tiyang tawanan;
Paduka nampeni pisungsung saking para manungsa,
malah ugi saking para tiyang ingkang sami mbalela
supados sami manggen wonten ing ngriku, dhuh Sang Yehuwah Allah.
20Pinujia Pangeran!
Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita.
Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)
21Gusti Allah iku tumrap kita Allah kang paring karahayon,
Gusti Allah, Gustiku iku ngluwari kita saka ing pati.
22Lah, Gusti Allah ngremuk endhasing mungsuhe,
pathake wong kang dhiwut-dhiwut, kang ndlarung ing sajroning kaluputane.
23Dhawuhe Pangeran mangkene: “Bakal Sunbalekake saka ing Basyan,
bakal Sungawa bali saka ing panggonan kang jero,
24supaya sira ngwisuhi sikilira kalawan getih,
sarta ilate asu-asunira uga padha oleh panduman saka mungsuhira.”
25Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan,
arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen.
26Tiyang ingkang sesindhenan lumampah wonten ing ngajeng,
ingkang wonten ing wingkingipun para ingkang sami ngungelaken clempung,
ingkang wonten ing tengah para prawan ingkang sami nrebang.
27“Padha ngluhurna Gusti Allah apepanthan,
yaiku Pangeran Yehuwah, he kowe kang asalmu padha saka ing tuke Israel!”
28Kae Benyamin, kang wuragil, kang lumaku ana ing ngarep dhewe,
para panggedhening Yehuda padha gumrudug,
para panggedhening Zebulon, para panggedhening Naftali.
29Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngempalaken kakiyatan Paduka,
dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken pangwaos Paduka,
Paduka ingkang sampun makarya kangge kawula sadaya.
30Para raja sami ngaturaken pisungsung dhumateng Paduka,
margi saking padaleman Paduka ing Yerusalem.
31Paduka mugi karsaa ndukani satokewan ing glagahan,
golonganing tiyang rosa saha para pangagenging bangsa!
Ingkang sami remen dhateng selaka, mugi Paduka iles-iles,
ingkang sami remen perang, mugi Paduka buyaraken!
32Wong padha nggawa barang tembaga saka Mesir,
wong Etiopia enggal-enggal padha ngegarake tangane ana ing ngarsaning Allah.
33He sakehing karajan ing salumahing bumi, padha ngengidunga kagem Gusti Allah,
padha ngidunga masmur kagem Pangeran; (Selah)
34kagem Panjenengane kang nitih kareta miyos ing langit kang saka ing kuna mula.
Padha nggatekna, Panjenengane ngedalake swarane,
swarane kang nggegirisi!
35Padha ngakonana pangwasaning Allah;
kaluhurane ngayomi Israel, pangwaose ana ing mega-mega.
36Gusti Allah iku nggegirisi ana ing padalemane kang suci,
Gusti Allahe Israel, Panjenengane ngganjar pangwasa lan kekuwatan marang umate.
Pinujia Gusti Allah!

Currently Selected:

JABUR 68: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in