YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 59

59
MASMUR 59
Nyuwun pitulungan nglawan mungsuh
59:1-18
1 # 1Sa 19:11 Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika Sang Prabu Saul utusan ndingkik lan nyedani ana ing daleme.
2Dhuh Allah kawula, kawula mugi Paduka uwalaken saking mengsah kawula,
Paduka mugi karsaa mbetengi kawula tumrap ingkang sami nglawan kawula.
3Kawula mugi kauwalna saking tiyang ingkang sami damel piawon,
kaluwarana saking tiyang ingkang sami remen ngwutahaken rah.
4Amargi tiyang punika saestu sami nyegat ngangkah dhateng nyawa kawula,
tiyang prakosa sami nempuh kawula,
mangka kawula boten nerak wewaler, kawula boten dosa, dhuh Yehuwah,
5kawula boten gadhah kalepatan, kok sami mlajeng saha tata-tata.
Paduka mugi karsaa ngrawuhi kawula lan karsaa nguningani!
6Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,
Paduka punika Gusti Allahipun Israel.
Paduka mugi karsaa wungu paring paukuman dhateng para bangsa;
para tiyang ingkang sami nglampahi piawon lan nandukaken kiyanat punika sampun ngantos Paduka welasi! (Selah)
7Saben sonten sami wangsul malih,
sami mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.
8Saestu, sami nyemoni kaliyan cangkemipun;
panyenyamah dumunung ing lambenipun,
sabab – sinten ingkang mirengaken?
9Nanging tiyang punika sami Paduka gegujeng, dhuh Yehuwah,
sakathahing bangsa sami Paduka poyoki.
10Dhuh kakiyatan kawula, Paduka ingkang kawula gondheli,
amargi Gusti Allah dados kitha beteng kawula.
11Allahku bakal methuk aku kalawan sih-kadarmane;
Gusti Allah bakal marakake aku bisa ngremehake para satruku.
12Mugi sampun ngantos sami Paduka pejahi, supados bangsa kawula boten kesupen,
mugi Paduka damel sami kelunta-lunta klayan pamisesa Paduka,
mugi sami Paduka rebahaken, dhuh Pangeran, tetameng kawula.
13Ujaring lambenipun punika dosaning cangkemipun,
sami kajireta margi saking piyangkuhipun.
Amargi ipat-ipat lan cidra ingkang dipun cariyosaken.
14Mugi sami katumpesa kalayan bebendu, katumpesa
ngantos sami sirna,
supados sami mangretosa, bilih Gusti Allah ingkang misesani tedhak turunipun Rama Yakub,
ngantos dumugi ing pungkasaning bumi. (Selah)
15Saben wanci sonten sami dhateng malih,
mbaung kados segawon sarta ngubengi kitha.
16Sami nglambrang ngupados tedha,
manawi boten tuwuk, lajeng sami nggereng.
17Nanging kawula badhe ngidungaken kakiyatan Paduka,
ing wanci enjing kawula badhe asurak-surak margi saking sih-kadarman Paduka;
amargi Paduka punika sampun dados kitha beteng kawula,
papan pangungsen kawula ing salebeting karupekan kawula.
18Dhuh Karosan kawula, Paduka badhe kawula kidungaken klayan kidung masmur;
amargi Gusti Allah punika dados kitha beteng kawula,
Gusti Allah kawula ingkang asih-darma.

Currently Selected:

JABUR 59: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in