YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 60

60
MASMUR 60
Pandonga nyuwun kaunggulan
60:1-14
1Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Kembang bakung paseksen. Miktam anggitane Prabu Dawud kanggo piwulang, 2#2Sa 8:13; 1Bb 18:12nalika perang karo bala Aram-Mesopotamia lan wong Aram-Zoba, sarta sawuse Senapati Yoab bali saka nggecak bala Edom ana ing lebak Asin ngesorake mungsuh kehe rolas ewu.
3Dhuh Allah, kawula sampun sami Paduka tampik, beteng kawula sampun Paduka bedhah;
Paduka duka; Paduka mugi karsaa ndandosi kawula!
4Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah;
ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih,
awit bumi sampun gonjing.
5Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget,
kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi.
6Paduka sampun maringi umbul-umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,
minangka pratandha supados amping-amping ngoncati panah. (Selah)
7 # Ms 108:7-14 Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat,
Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!
8Gusti Allah sampun ngandika wonten ing dalem pasucenipun:
“Ingsun karsa suka-suka parisuka, tanah Sikhem bakal Sunbagi,
sarta lebak Sukot bakal Sunukur.
9Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun,
Efraim iku tetoponging mustakaningSun,
Yehuda iku jungkating kepraboningSun;
10Moab iku papan pawijikaningSun,
Edom Sunbalang kalawan trumpahingSun,
marga saka Filisti Ingsun asurak-surak.”
11Sapa kang bakal ngirid aku lumebu ing kutha kang santosa?
Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?
12Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula,
sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula?
13Dhuh Gusti Allah, Paduka mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula sadaya nglawan mengsah,
amargi pitulunganing manungsa punika muspra.
14Manawa kinanthi ing Allah kita bakal nindakake kaprawiran,
awit Pangeran piyambak bakal ngiles-iles sakehing mungsuh kita.

Currently Selected:

JABUR 60: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in