YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 58

58
MASMUR 58
Tumrap panggedhe kang ambeksiya
58:1-12
1Kanggo lurah pasindhen.
Lagune kaya kidung: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud.
2He para kang nyekel pangwasa, apa pancasanmu iku adil temenan?
Anggonmu ngakimi marang para anaking manungsa iku apa jujur?
3Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala,
tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi.
4Wong duraka padha murtad wiwit lair mula,
para juru apus iku padha nasar wiwit ana ing wetenganing biyung.
5Wisane kaya wisane ula,
padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge,
6kang ora ngrungokake marang swarane para tukang njapani,
utawa swarane tukang maca mantra kang wasis.
7Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun,
saha karsaa motholi siyungipun singa anem. (Selah)
8Sami sirnaa kados toya ingkang mili lajeng telas,
kajengipun sami alum kados rumput ing margi.
9Kajengipun sami sirna kados bekicot ingkang dados ilu,
sami kadosa bayining tiyang estri ingkang lair keluron ingkang boten ningali surya.
10Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri,
kabeh kang isih seger dalasan kang wus geseng
padha kabengkas dening Pangeran.
11Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales,
sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.
12Lan wong bakal padha ngucap: “Wong mursid iku nyata tampa pituwas,
satemene ana Allah kang maringi kaadilan ana ing bumi.”

Currently Selected:

JABUR 58: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in