YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 57

57
MASMUR 57
Diburu dening mungsuh, nanging kapitulungan dening Gusti Allah
57:1-12
1 # 1Sa 22:1, 24:3 Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa.
2Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi,
awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula;
kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi Paduka,
ngantos bebaya punika sampun mengker.
3Aku sesambat marang Gusti Allah Kang Mahaluhur,
Gusti Allah ngrampungi prakaraku.
4Gusti Allah muga karsaa utusan saka ing swarga ngluwari aku,
lan mirang-mirangake wong kang ngidak-idak aku. (Selah)
Gusti Allah muga karsaa ngintunake sih-kadarman lan kabenerane.
5Aku ngleleh ana ing tengah-tengahing singa-singa,
kang dhemen nubruk anak-anaking manungsa,
kang untune kaya tumbak lan panah,
sarta kang ilate kaya pedhang landhep.
6Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nedahaken kaluhuran Paduka,
ngantos dumugi ing sanginggiling langit,
sarta kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.
7Lakuku padha dipasangi kala-jiret,
nyawaku ditungkulake,
padha ndhudhuk luwangan ana ing ngarepku,
nanging banjur padha kecemplung dhewe ana ing kono. (Selah)
8 # Ms 108:2-6 Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, manah kawula sampun cumadhang,
kawula badhe ngrerepi, kawula badhe ngidung masmur.
9He nyawaku, tangia, tangia, he slukat lan clempung,
aku arep nggugah bangbang wetan!
10Paduka badhe kawula puji wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Pangeran,
Paduka badhe kawula kidungaken masmur wonten ing satengahipun para suku bangsa.
11Awit sih-kadarman Paduka luhuripun sundhul ing akasa,
sarta kaleresan Paduka sundhul ing mega.
12Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kaluhuran Paduka ngantos dumugi ing sanginggiling langit,
saha kamulyan Paduka mugi nglangkungana salumahing bumi.

Currently Selected:

JABUR 57: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in