YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 56

56
MASMUR 56
Kumandel marang Gusti Allah ing sajroning karubedan
56:1-14
1 # 1Sa 21:12 Kanggo lurah pasindhen.
Miturut lagu: Manuk dara ing wit terbantin kang adoh. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika panjenengane dicekel bangsa Filisti ana ing kutha Gat.
2Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, margi tiyang-tiyang sami ngidak-idak kawula,
sarta kawula dipun perangi saha dipun pepetaken sadinten muput.
3Mengsah-mengsah kawula sami ngidak-idak kawula sadinten muput,
malah kathah tiyang ingkang nglawan kawula kalayan gumunggung.
4Manawi kawula ajrih,
kawula punika kumandel dhumateng Paduka;
5Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana,
iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi.
Manungsa bisa manggawe apa marang aku?
6Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula,
sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula,
7sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula,
kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula.
8Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau?
Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka.
9Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang,
luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka;
sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?
10Mungsuhku banjur padha mundur nalika aku sesambat,
aku yakin yen Gusti Allah nunggil karo aku.
11Gusti Allah, kang sabdane dakegungake,
Pangeran Yehuwah, kang sabdane dakegungake.
12Gusti Allah, kang dakendelake, mulane aku ora wedi.
Manungsa bisa manggawe apa marang aku?
13Dhuh Allah, nadar kawula badhe kawula tetepi wonten ing ngarsa Paduka,
kawula badhe ngaturaken kurban panuwun dhumateng Paduka.
14Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah,
malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung;
mila kawula saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah,
ing pepadhanging gesang.

Currently Selected:

JABUR 56: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in