YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 55

55
MASMUR 55
Pandonga nyuwun pitulungan marga ana mungsuh
55:1-24
1Kanggo lurah pasindhen.
Binarung swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud.
2Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,
Paduka sampun ngantos mengkeraken panyuwun kawula!
3Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa maringi wangsulan,
kawula nglembara kaliyan nangis margi saking semplah.
4Margi saking pambengoking mengsah,
lan panganiayanipun tiyang duraka;
amargi sami ndhatengaken bilai,
sarta kanthi pangigit-igit anggenipun nglawan kawula.
5Manah kawula ngolang-ngaling,
tuwin pagirising pejah ngebruki kawula.
6Kawula ketaman ing ajrih lan raos gumeter,
kawula kalimputan ing pagiris.
7Kawula manah makaten: “Adhuh, saupama aku kaparingan swiwi kaya manuk dara,
banjur mabur golek papan kang tentrem,
8malah nuli lumayu nganti adoh,
lan banjur nginep ana ing pasamunan. (Selah)
9Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen,
ngoncati angin gedhe lan prahara.”
10Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa damel bingungipun tiyang-tiyang punika, saha karsaa ngisruhaken pirembagipun,
amargi kawula ningali panganiaya saha bebantahan wonten ing kitha!
11Rinten dalu sami ngubengi kitha punika wonten ing sanginggiling balowartinipun,
sarta ing nglebet wonten kacilakan lan kasangsaran;
12saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun,
panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun.
13Saupami mengsah kawula ingkang ngawon-awon kawula,
kawula taksih saged sabar.
Saupami ingkang sengit dhateng kawula ingkang ngegungaken dhiri wonten ing ngajeng kawula,
kawula taksih saged singidan.
14Nanging kowe iku wong kang cedhak karo aku,
kancaku lan wong kang dakpracaya.
15Aku padha sesrawungan kalawan becik,
lan padha bebarengan munggah menyang ing padalemaning Allah ing satengahing karamean.
16Wong iku muga padha kacandhaka ing pati,
padha mudhuna menyang ing jagading wong mati urip-uripan!
Amarga omahe malah batine kadunungan piala.
17Nanging aku nyebut marang Gusti Allah,
sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku.
18Ing wayah sore, esuk lan awan aku sesambat lan nangis;
Pangeran banjur miyarsakake swaraku.
19Gusti Allah ngluwari aku kanthi tentrem
saka pangrangsanging mungsuhku, awit padha gumrudug nglawan marang aku.
20Gusti Allah kang lenggah ana ing dhampare wiwit kuna mula,
bakal mireng sarta ngesorake wong-wong iku. (Selah)
Amarga padha ajeg bae,
sarta padha ora wedi marang Gusti Allah.
21Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun,
amarga nerak prajanjiane.
22Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega,
nanging karepe arep nempuh perang;
alusing tembunge ngluwihi lenga,
nanging sakabehing mau pedhang ligan.
23Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah,
temah kowe mesthi direksa!
Pangeran ora marengake,
yen wong mursid gloyoran ing salawase.
24Nanging Paduka, dhuh Allah, badhe nyemplungaken tiyang-tiyang punika
dhateng ing sumur ingkang lebet;
tiyang ingkang ngwutahaken rah tuwin lampah cidra,
umuripun boten badhe dumugi sapalih
nanging kawula kumandel dhumateng Paduka.

Currently Selected:

JABUR 55: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in