YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 54

54
MASMUR 54
Pandonga ing sajrone adu-arep karo mungsuh
54:1-9
1Kanggo lurah pasindhen.
Binarung ing swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud, 2#1Sa 23:19, 26:1rikala wong ing Zifi padha seba marang ing ngarsane Prabu Saul lan munjuk: “Dawud ndhelik wonten ing panggenan kawula.”
3Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mitulungi kawula margi saking asma Paduka,
kawula mugi Paduka paringi kaadilan margi saking kasantosan Paduka.
4Dhuh Allah, Paduka karsaa miyarsakaken pandonga kawula,
sarta mugi karsaa nilingaken unjukipun cangkem kawula.
5Awit wonten tiyang kumingsun ingkang sami nglawan kawula;
tiyang ingkang gumunggung sami ngangkah nyawa kawula;
tiyang-tiyang wau sami boten maelu dhateng Gusti Allah. (Selah)
6Satemene Gusti Allah iku kang mitulungi aku;
Pangeran iku kang ngemong uripku.
7Pialane nampeka marang satru-satruku,
mugi sami Paduka tumpes awit saking kasetyan Paduka.
8Kawula badhe nyaosi kurban kanthi eklasing manah,
dhuh Yehuwah, kawula badhe memuji asma Paduka,
amargi asma Paduka punika sae.
9Amargi Paduka ngluwari kawula saking sakathahing karibedan,
saha mripat kawula nyawang dhateng mengsah kawula.

Currently Selected:

JABUR 54: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in