YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 47

47
MASMUR 47
Gusti Allah, Ratuning salumahing bumi
47:1-10
1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.
2He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka,
padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!
3Awit Pangeran Yehuwah Kang Mahaluhur iku nggegirisi,
sarta jumeneng Ratu Agung ana ing salumahing bumi.
4Para bangsa padha ditelukake marang kita,
sarta para suku bangsa padha disorake ana ing tlapakan kita.
5Kita padha kapilihake tanah-pusaka kita,
kang digung-gungake dening Rama Yakub, kekasihe. (Selah)
6Gusti Allah wus sumengka ingiring ing surak rame,
iya Sang Yehuwah iku sumengka kalawan kairing ing swaraning kalasangka.
7Gusti Allah padha saosana kekidungan masmur, padha saosana kekidungan masmur.
padha ngidunga masmur kagem ratu kita, padha ngidunga masmur!
8Amarga Gusti Allah iku Ratu ing salumahing bumi,
padha ngidunga masmur, kidung piwulang!
9Gusti Allah iku ngratoni para bangsa,
sarta lenggah ing dhampare kang suci.
10Para panggedhening bangsa-bangsa padha ngumpul,
kang padha dadi umate Allahe Rama Abraham.
Sabab tameng-tamenging bumi iku kagungane Gusti Allah,
Panjenengane iku banget anggone kaluhurake.

Currently Selected:

JABUR 47: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in