YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 48

48
MASMUR 48
Sion, kuthane Gusti Allah
48:1-15
1Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh.
2Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-puji
ana ing kuthane Gusti Allah kita!
3 # Mt 5:35 Gununge kang suci, kang munggul endah,
iku minangka kasenenganing sajagad rat;
gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor,
kuthane Sang Nata Agung.
4Ana ing kadhaton-kadhatone
Gusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng.
5Amarga awasna, para raja padha ngumpul,
sarta padha bebarengan mangsah nempuh;
6bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan;
kaget, banjur padha mlayu sarsaran.
7Dumadakan padha geter ana ing kono,
padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak.
8Paduka ngremuki baita-baita Tarsis,
kaliyan prahara saking wetan.
9Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita,
ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,
ing kuthaning Allah kita;
Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah)
10Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka,
kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka.
11Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka,
ngantos dumugi ing pungkasaning bumi,
asta tengen Paduka kebak kaadilan.
12Redi Sion kajengipun abingah-bingah;
para putrinipun Yehuda kajengipun asurak-surak
margi saking paukuman Paduka!
13Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute,
etungen menarane,
14tamatna balowartine,
dlajahana kraton-kratone,
supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.
15Sanyatane iki Gusti Allah,
iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase!
Iya Panjenengane iku kang nuntun kita.

Currently Selected:

JABUR 48: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in