YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 46

46
MASMUR 46
Gusti Allah iku kutha beteng kita
46:1-12
1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.
2Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita,
nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.
3Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggonan,
tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;
4sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk,
sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)
5Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah,
padalemane Kang Mahaluhur.
6Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing,
sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk.
7Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing,
Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.
8Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita,
Allahe Rama Yakub iku dadi beteng kita. (Selah)
9Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah,
kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,
10kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi,
kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak,
kang ngobongi kareta perang kalawan geni.
11“Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah!
Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa,
linuhurake ana ing bumi!”
12Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita,
Allahe Rama Yakub iku beteng kita. (Selah)

Currently Selected:

JABUR 46: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in