YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 45

45
MASMUR 45
Kidungan nalika palakramaning ratu
45:1-18
1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan.
2Atiku ngluberake tembung kang ngresepake,
aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu;
ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis.
3Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa,
lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi
dening Gusti Allah ing salami-laminipun.
4Dhuh Sang Prawira, pedhang dalem panjenengan dalem sengkelit,
ing salebeting kaluhuran saha kamulyan dalem!
5Ing salebeting kamulyan dalem punika kawula aturi majeng dhemi kaleresan,
peri kamanungsan saha kaadilan! Asta dalem tengen supados ngunjukna piwulang dhumateng panjenengan dalem bab pandamel ingkang ngedab-edabi!
6Jemparing dalem sami landhep-landhep nembus manahipun para mengsahipun Sang Prabu,
para bangsa sami sumungkem ing ngandhapipun sampeyan dalem.
7 # Ib 1:8-9 Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun,
jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.
8Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka;
mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem.
9Busana dalem sadaya ngganda blendok mur, kajeng garu tuwin cendhana,
saking kadhaton gadhing swaraning clempung damel renaning panggalih dalem;
10para putrining ratu sami kagolong kaliyan para kekasih dalem,
Sang Prameswari jumeneng wonten ing tengen dalem,
ngagem busana kencana saking Ofir.
11Dhuh Sang Putri, panjenengan dalem kawula aturi mirsani,
mugi karsaa nilingaken talingan dalem,
sampun ngengeti dhateng bangsa dalem sarta sadaya isining padalemanipun rama dalem!
12Sang Prabu supados kasengsem margi saking endahing sarira dalem,
awit punika gusti dalem! Kawula aturi nyembah wonten ing ngarsanipun.
13Putri ing Tirus marak mbekta pisungsung;
para tiyang sugih ing antawisipun rakyat sami sowan badhe ngasih-asih dhumateng panjenengan dalem.
14Putrine Sang Prabu iku dadi kaendahan ana ing njero,
busanane sinulaman benang mas.
15Anggone kasowanake marang ngarsane Sang Prabu ngagem busana sulaman manca warna,
kadherekake dening para kenya mitrane,
yaiku para kang padha katimbalan kagem panjenengane.
16Iku padha kasowanake kalawan suka-suka lan asurak-surak,
padha lumebu ing kadhatone Sang Prabu.
17Para putra dalem prayoginipun sami nggentosana para leluhur dalem,
tuwin sami panjenengan dalem wisudha dados pangageng wonten ing salumahing bumi.
18Kawula sami badhe nyuwuraken asma dalem ngantos turun-tumurun,
mila sakathahipun bangsa sami badhe memuji dhumateng panjenengan dalem ing salajengipun saha ing salaminipun.

Currently Selected:

JABUR 45: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in