YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 44

44
MASMUR 44
Pasambate bangsa kang katindhes
44:1-27
1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.
2Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak,
saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula,
bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun,
inggih kala jaman kina.
3Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka,
nanging para leluhur sami Paduka tanem,
suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara,
nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.
4Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari,
sanes tanganipun ingkang murugaken unggul,
nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka,
sabab sami damel rena Paduka.
5Inggih Paduka piyambak punika ingkang jumeneng dados Raja saha Allah kawula,
ingkang ndhawuhaken kaunggulanipun Yakub.
6Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah,
sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula.
7Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken,
sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul,
8nanging Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng kawula samangsa kawula nglawan mengsah,
saha Paduka ingkang mirangaken tetiyang ingkang sami nyengiti kawula.
9Awit saking Gusti Allah kawula sadinten muput sami ngrepekaken kidung pamuji,
sarta asma Paduka sami kawula puji ing salaminipun. (Selah)
10Nanging sapunika kawula sami Paduka kipataken sarta Paduka kendel kemawon, kawula sami kawirangan.
Paduka boten miyos ngirid lampahing wadya-bala kawula.
11Paduka damel mundur kawula saking ngajenganing mengsah kawula
lan tiyang ingkang sami nyengiti kawula sami njejarah.
12Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan,
saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa.
13Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanan
sarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun.
14Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula,
kadamel gegujengan saha dipun wirang-wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.
15Kawula Paduka dadosaken pocapan wonten ing antawisipun para bangsa,
tuwin jalaranipun para suku bangsa sami gedheg-gedheg.
16Sadinten muput kanisthan kawula wonten ing ngajeng kawula,
sarta rai kawula kasasaban ing kawirangan,
17awit saking tembung-tembungipun tiyang ingkang nenacad saha nyenyamah,
wonten ing ngajenging mengsah saha tiyang ingkang ambek remen males awon.
18Sadaya wau sampun dhumawah ing badan kawula, nanging kawula boten kesupen dhumateng Paduka,
inggih boten cidra dhumateng prasetya Paduka.
19Manah kawula sami boten mbangkang,
saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka,
20sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag,
saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng.
21Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula,
lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,
22punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika?
Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah?
23 # Rm 8:36 Saestu, awit saking Paduka kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah ing saben dintenipun,
saha kasamekaken kaliyan menda sembelehan.
24Dhuh Gusti, mugi Paduka karsaa wungu, punapaa dene Paduka sare?
Mugi Paduka karsaa wungu, sampun ngantos tansah ngipataken kawula.
25Punapadene Paduka nasabi wadana Paduka,
saha boten enget dhateng anggen kawula sami katindhes sarta kasiya-siya?
26Dene nyawa kawula tumungkul ing lebu,
badan kawula kelet ing siti.
27Mugi Paduka karsaa jumeneng mitulungi kawula sadaya,
sarta karsaa ngluwari kawula awit saking sih-piwelas Paduka.

Currently Selected:

JABUR 44: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in