YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 30

30
MASMUR 30
Kidung pamuji sokur marga uwal saka ing bebaya
30:1-13
1Masmur. Kidung kanggo nucekake Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud.
2Dhuh Yehuwah, Paduka badhe kawula luhuraken,
amargi Paduka sampun ngentas kawula,
saha boten marengaken manawi mengsah kawula sami bingah margi saking kawula.
3Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula sesambat nyuwun tulung dhumateng Paduka,
lajeng Paduka sarasaken.
4Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngentas nyawa kawula saking ing teleng palimengan,
Paduka nggesangaken kawula
wonten ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang sampun lumebet ing kubur.
5Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi,
sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci!
6Amarga bebendune mung sadhela,
nanging kamirahane tetep ing salawase urip;
ing wayah bengi ana panangis,
ing wayah ngarepake esuk keprungu surak-surak.
7Ing salebeting kabingahan kawula, osiking manah kawula:
“Aku ora bakal gloyoran salawase!”
8Dhuh Yehuwah, margi saking anggen Paduka karenan,
kawula sampun Paduka papanaken wonten ing sanginggiling redi ingkang santosa;
nanging sareng Paduka nutupi wadana Paduka, kawula kaget.
9Kawula munjuk kalayan sora dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,
lan kawula nyenyuwun dhumateng Pangeran:
10“Punapa paedahipun manawi rah kawula wutah,
manawi kawula mandhap dhateng ing kubur?
Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokur dhumateng Paduka
sarta martosaken kasetyan Paduka?
11Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula,
dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”
12Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan,
pangangge kawula bagor Paduka rucat,
kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan kabingahan,
13supados nyawa kawula ngidungaken masmur kagem Paduka
lan sampun ngantos kendel kemawon.
Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula badhe ngidungaken pamuji sokur dhumateng Paduka ing salaminipun.

Currently Selected:

JABUR 30: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in