YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 29

29
MASMUR 29
Kamulyane Gusti Allah ana ing prahara
29:1-11
1 # Ms 96:7-9 Anggitane Prabu Dawud.
He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah,
ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!
2Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane,
padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen!
3Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu,
Gusti Allah kang mulya gumludhug,
Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe.
4Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan,
swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan.
5Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres,
malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah.
6Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet,
lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng.
7Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad.
8Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan,
Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.
9Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak,
malah njalari alas-alas padha gundhul,
sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”
10Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir,
Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase.
11Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate,
Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.

Currently Selected:

JABUR 29: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in