YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 28

28
MASMUR 28
Sang Yehuwah iku tetamengku
28:1-9
1Anggitane Prabu Dawud.
Dhuh Yehuwah peparang kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka,
mugi sampun ngendelaken kawula,
sabab manawi Paduka ngendelaken kawula,
kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang mandhap dhateng kubur.
2Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula,
manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung,
tuwin njunjung tangan kawula
ngener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.
3Kawula sampun ngantos Paduka sered sesarengan kaliyan tiyang duraka,
utawi ingkang nglampahi awon,
ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun,
nanging manahipun kebak piawon.
4 # Wy 22:12 Punika mugi sami Paduka wales satimbang kaliyan pandamelipun,
saha manut pratingkahipun ingkang awon;
mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining tanganipun
sarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.
5Amarga padha ora nggatekake marang pakaryaning Yehuwah,
sarta apa kang katindakake dening astane,
mulane bakal padha katibakake
lan ora ditangekake maneh.
6Pinujia Sang Yehuwah, awit wus miyarsakake
swaraning pasambatku.
7Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku,
atiku kumandel marang Panjenengane.
Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah,
sarta aku ngunjukake panuwun
marang Panjenengane kalawan kekidungan.
8Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate,
Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!
9Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka,
tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak,
mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.

Currently Selected:

JABUR 28: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in