YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 27

27
MASMUR 27
Ayem ana ing pangayomaning Allah
27:1-14
1Anggitane Prabu Dawud.
Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku,
sapa kang dakwedeni?
Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku,
sapa kang marakake aku gumeter?
2Nalika para durjana padha nempuh marang aku
arep mangan dagingku,
yaiku sakehing satruku lan mungsuhku
banjur padha kajengklok lan tiba.
3Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku,
atiku ora giris,
sanadyan tuwuh peperangan,
atiku tetep pracaya.
4Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah,
yaiku kang dakpengini
muga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip,
nyawang kadarmane Sang Yehuwah
sarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.
5Sabab Pangeran ngayomi aku ana ing pasanggrahane,
manawa ana bebaya;
ngaling-alingi aku ana ing papan kang ndhelik ing sajroning tarube.
Panjenengane mrenahake aku ana ing sadhuwuring parang.
6Saiki sirahku jejeg,
ngungkuli musuh kang ngepung aku;
ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak;
aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.
7Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula ingkang kawula unjukaken,
mugi Paduka karsaa melasi kawula saha kawula mugi kaparingana wangsulan!
8Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.”
Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.
9Paduka mugi sampun nutupi wedana Paduka dhateng kawula,
Paduka sampun nampik abdi Paduka klayan bebendu;
Paduka punika pitulungan kawula,
kawula mugi sampun Paduka tampik
saha Paduka tilar,
dhuh Allah, Juruwilujeng kawula!
10Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula,
nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula.
11Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi pitedah bab Paduka,
sarta lampah kawula katuntuna wonten ing margi ingkang wradin
margi saking wontenipun mengsah kawula.
12Kawula sampun Paduka ulungaken dhateng hawa nepsunipun satru kawula,
awit sampun wonten seksi-seksi dora ingkang sami nglawan kawula,
kaliyan tiyang-tiyang ingkang kadunungan dereng badhe niksa.
13Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwah
ana ing bumining wong urip!
14Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!
Padha dipanggah lan ditatag atimu!
Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!

Currently Selected:

JABUR 27: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in