YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 26

26
MASMUR 26
Pandonga nyuwun kaleresake dening Sang Yehuwah
26:1-12
1Anggitane Prabu Dawud.
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula,
amargi lampah kawula kanthi lampah resik,
kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah kalayan boten mangu-mangu.
2Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadar lan neter kawula;
batos kawula saha manah kawula mugi Paduka titi-priksa.
3Amargi katresnan saha kasetyan Paduka ingkang kawula pandeng,
sarta lampah kawula wonten ing kaleresan Paduka.
4Kawula boten linggih nunggil kaliyan juru apus
saha boten sesrawungan kaliyan tiyang lamis;
5kula sengit dhateng pakempalanipun tiyang awon,
lan ugi boten linggih nunggil kaliyan tiyang duraka.
6Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha bilih boten kalepatan,
saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah,
7kanthi ngrepekaken kidung panuwun kalayan swara sora,
saha martosaken sakathahing kaelokan Paduka.
8Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhateng papan padaleman Paduka
kaliyan dhateng papan kamulyan Paduka.
9Paduka mugi sampun ngukud nyawa kawula sareng kaliyan tiyang dosa,
punapa dene gesang kawula sampun ngantos sareng kaliyan tiyang ingkang ngwutahaken rah,
10ingkang tanganipun nggegem pendamel awon,
tanganipun tengen kebak reruba.
11Naning gesang kawula kanthi manah resik;
kawula mugi linuwarna saha mugi Paduka welasi.
12Sikilku ngambah tanah kang rata;
aku bakal ngalembana marang Sang Yehuwah ana ing pasamuwan.

Currently Selected:

JABUR 26: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in