YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 31

31
MASMUR 31
Tentrem ana ing astaning Yehuwah
31:1-25
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka,
kawula mugi sampun ngantos nandhang kawirangan.
Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilan Paduka,
3Paduka mugi nilingna dhateng kawula,
karsaa enggal paring wangsulan!
Paduka mugi karsaa dados redi sela papan pangayoman kawula,
beteng santosa ingkang mitulungi kawula!
4Awit Paduka punika redi sela tuwin beteng kawula,
kawula badhe Paduka irid saha Paduka tuntun margi saking asma Paduka.
5Paduka badhe ngluwari kawula saking kala,
ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula,
amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula.
6 # Lk 23:46 Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka;
dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.
7Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina,
nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.
8Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka,
awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,
9saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah,
nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.
10Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek;
mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.
11Amargi gesang kawula katedha ing kasisahan
saha tauning umur kawula sami telas dening pangesah;
kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula,
sarta balung kawula sami gopok.
12Kawula dados cecampahaning mengsah kawula,
lan njalari girisipun para tangga tepalih kawula,
punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula;
tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi, lajeng sami lumajeng.
13Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah,
kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.
14Amargi kawula mireng tiyang kathah sami bisik-bisik,
– kawula kinepang ing pagiris –
sami sekuthon badhe nglawan dhateng kawula,
ngangkah dhateng nyawa kawula.
15Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,
kawula matur: “Paduka punika Allah kawula!”
16Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka,
Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula
saking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula!
17Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka,
kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka!
18Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken
ing salebetipun nandhang kawirangan,
amargi kawula nyebut dhumateng Paduka;
tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawirangan
mandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel.
19Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu,
ingkang nyendhu dhateng tiyang burus
kalayan kumethak lan nyenyampahi!
20Iba lubering kautamen Paduka
ingkang kacawisaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,
ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng tiyang ingkang sami ngayom dhateng ing Paduka,
wonten ing ngajengipun manungsa!
21Punika sami Paduka singidaken wonten ing pangayomaning wadana Paduka,
margi saking wontenipun sekuthoning tiyang;
sami Paduka ayomi wonten ing pamondhokan
supados lepat saking padudonipun ilat kathah.
22Pinujia Sang Yehuwah, awitdene sih-kadarmane
dikatingalake marang aku kanthi patrap kang nggumunake
nalika aku ketaman ing karupekan!
23Amargi saking bingung kawula, kawula nginten:
“Kawula sampun kabucal saking paningal Paduka.”
Ewasamanten nalika kawula sesambat dhumateng Paduka,
Paduka lajeng nyembadani dhateng pasambat kawula.
24He sakehe para kekasihing Pangeran, padha tresnaa marang Sang Yehuwah!
Sang Yehuwah ngreksa para wong kang setya,
nanging kang gumunggung
diwales temenan.
25Sakehing wong kang ngarep-arep marang Sang Yehuwah,
padha disantosa lan diteteg atimu!

Currently Selected:

JABUR 31: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in