YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 125

125
MASMUR 125
Tentrem ana ing pangayomaning Sang Yehuwah
125:1-5
1Kidung jiyarah.
Wong kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah,
iku padha kaya gunung Sion kang
ora obah-obah, kang tetep ing salawase.
2Yerusalem kinupengan ing gunung,
kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate,
wiwit ing samengko nganti ing salawase.
3Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetep
ana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid,
supaya wong mursid aja nganti padha kumranggeh
tangane marang piala.
4Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nindakaken kasaenan dhateng para tiyang sae
tuwin dhateng para tiyang ingkang manahipun tulus.
5Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok,
mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon.
Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!

Currently Selected:

JABUR 125: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in