YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 124

124
MASMUR 124
Pinujia Juru Selamete bangsa Israel
124:1-8
1Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.
Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,
– dikaya mangkono pangucape Israel, –
2yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,
nalika wong padha gumregah nglawan marang kita,
3kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan,
nalika mulad-mulading nepsune marang kita;
4kita banjur kentir ing banyu,
aku wus padha kleleb ana ing kali;
5ilining banyu kang luber
kang molak-malik iku wus nasabi kita.
6Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kita
dadi mangsane untune wong-wong mau!
7Nyawa kita padha bisa oncat kaya manuk,
kang oncat saka jirete wong mikat,
rantas jirete,
kita nuli oncat.
8Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah,
kang nitahake langit lan bumi.

Currently Selected:

JABUR 124: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in