YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 126

126
MASMUR 126
Pangarep-arep ing satengahing karubedan
126:1-6
1Kidung jiyarah.
Ing kalane Pangeran Yehuwah mulihake kaanane Sion,
kaanan kita kaya wong ngimpi.
2Ing nalika iku cangkem kita padha kebak guyu,
lan ilat kita kebak giyak-giyak.
Ing nalika iku ing antarane para bangsa ana ujar mangkene:
“Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang para wong iki!”
3Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang kita,
mulane kita padha bungah.
4Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulihaken kawontenan kawula,
kados pulihipun lepen asat wonten ing Tanah Negeb!
5Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili,
bakal ngeneni kambi giyak-giyak.
6Wong kang lumaku maju kalawan nangis
kambi nyebar wiji,
mulihe mesthi kalawan surak-surak
karo ngusung gedhengane.

Currently Selected:

JABUR 126: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in