YEREMIA 47
47
Tumrap wong Filisti
47:1-7
1 #
Ye 14:29-31; Yk 25:15-17; Yl 3:4-8; As 1:6-8; Zf 2:4-7; Za 9:5-7 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap bangsa Filisti, sadurunge Sang Pringon nelukake Gaza.
2“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:
Lah banyu kang mbludag ngamuk saka lor
dadi kali kang banjir
ngelebi nagara saisine,
kutha dalah kang manggon.
Manungsa bakal padha sesambat,
sarta wong kang manggon ing kutha
bakal padha nangis,
3krungu gumedering sikile jaran-jarane kareta,
lan gumledheging rodhane.
Para bapa padha ora tumoleh,
ngelingi marang anak-anake maneh
amarga tangane wis lemes,
4jalaran wus tumeka ing dinane
tumrap panumpesing sakehe wong Filisti
lan anggone nyirnakake
sadhengah pambiyantu kang isih ana tumrap Tirus lan Sidon.
Lah, Sang Yehuwah bakal numpes wong Filisti,
yaiku kekarening wong kang teka
saka ing pulo Kaftor.
5Gaza wis dadi gundhul,
Askelon wis meneng cep.
He Asdod, kekarene wong Enak,
isih sapira suwene anggonira mbeleki awakira?
6Adhuh pedhange Sang Yehuwah,
isih sapira suwene anggonmu banjur leren?
Lumebua ing warangkamu maneh,
menenga lan lerena!
7Nanging kapriye bisane leren?
Rak Sang Yehuwah kang dhawuh?
Menyang ing Askelon lan ing pasisir,
iya mrana iku anggone Panjenengane ndhawuhi!”
Currently Selected:
YEREMIA 47: JAV
Highlight
Share
Copy

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.