YEREMIA 46
46
PAMECA TUMRAP BANGSA-BANGSA LIYANE
BAB 46-51
Pangandikane Sang Yehuwah tumrap para bangsa
46:1
1Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap para bangsa.
Tumrap Mesir
46:2-28
2 #
Ye 19:1-25; Yk 29:1–32:32 Tumrap Mesir.
Tumrap wadya-balane Sang Prabu Pringon Nekho, ratu ing Mesir, kang ngadegake kemah ana ing sapinggire bengawan Efrat, ing sacedhake Karkhemis lan kang diasorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, nalika ing taun kang kaping pate paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda:
3“Cepakna tameng gedhe lan tameng cilik
lan majua perang!
4He para bala jaranan,
jaranira abah-abahana lan tunggangana!
Nataa gelarira kalawan nganggo topong,
asahana tumbakira,
ngrasuka kerenira!
5Yagene Sunpirsani
padha giris
sarta padha mundur?
Prawirane padha kasoran,
mlayu sar-saran,
tanpa nolah-noleh,
pagiris saka keblat papat!,
– mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.
6Wong kang cancingan ora bisa lumayu,
pahlawan ora bisa oncat,
ana ing sisih lor ing sapinggire bengawan Efrat
padha kejengklok lan ambruk.
7Sapa ta kang mbludag kaya bengawan Nil
lan kang banyune molak-malik kaya kali?
8Iya iku Mesir kang mbludag kaya bengawan Nil,
lan banyune molak-malik kaya kali.
Sumbara: Aku arep ngluberi lan nutupi bumi
nyirnakake kutha saisine.
9He jaran, padha nyandera!
He kareta perang, padha mbalapa!
He para prawira mangsaha perang!
He kowe wong Etiopia lan wong Put
kang asikep tameng
lan wong Lidia kang menthang gandhewa!
10Iki dinane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi,
dina piwales
dina tumibaning piwales marang para mungsuhe.
Pedhang bakal memangsa nganti wareg,
lan nguyup getihe nganti marem.
Amarga Gusti Allah, Gustining sarwa dumadi
nganakake kurban sembelehan ing tanah lor
ing sacedhake bengawan Efrat.
11He kenya putri Mesir!,
menyanga ing Gilead njupuk beboreh!
Ora ana gunane anggonmu tetamba akeh,
kowe ora bakal bisa mari!
12Para bangsa wus padha krungu mungguh cacadmu,
bumi wus kebak pasambatmu,
amarga para prawira padha tunjang-tinunjang,
sakarone bareng ambruk.”
13 #
Ym 43:10-13
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, bab rawuhe Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, arep nelukake tanah Mesir:
14“Wartakna ana ing Mesir,
lan kandhakna ana ing Migdol!
Kandhakna ana ing Memfis lan ing Takhpanhes!
Tuturana: Nataa gelar lan samektaa,
amarga ing saubengira wus gusis,
kamangsa ing pedhang!
15Yagene Apis keplayu
sapinira lanang apa ora kuwawa nanggulangi?
Sanyata, Sang Yehuwah wus nelukake dheweke!
16Saka ing antaranira akeh kang kejengklok
lan ambruk,
kang siji kandha marang sijine:
Payo padha ngulihi bangsa kita,
tanah kalairan kita,
prelu ngendhani pedhang kang ngamuk iki!
17Nyebuta jenenge Pringon, ratu ing Mesir:
Tukang ribut kang ora migunakake wektu kang becik.
18Demi Ingsun kang gesang,
– mangkono pangandikane Sang Prabu
kang asmane Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, –
tekane bakal prasasat gunung Tabor
kang munggul ing antarane gunung-gunung liyane,
kaya gunung Karmel ing pinggiring sagara.
19He putri Mesir kang wis suwe pamanggonira
nyepakna samubarang kang kanggo lakunira
menyang ing pambuwangan.
Amarga Memfis bakal dadi sepi mamring,
dinadekake jugrugan kang ora dienggoni maneh.
20Mesir iku pedhet kang bregas,
nanging ana laler cathak siji kang nekani saka lor.
21Uga prajurit buruhan kang ana ing kono,
iku kaya pedhet-pedhet kang lemu,
padha minger lan lumayu bebarengan,
padha ora bisa nanggulangi,
amarga dinaning bilai nempuh marang wong-wong iku,
yaiku mangsa tibaning paukumane.
22Swarane kaya ula kang ngeses,
samangsa padha maju kanthi wadya-bala;
padha nempuh marang dheweke klawan nggawa wadung
kayadene para blandhong.
23Wong iku padha negori alase,
– mangkono pangandikane Sang Yehuwah, –
sanadyan ora kena dileboni:
amarga luwih akeh katimbang walang,
tanpa wilangan cacahe.
24Putri Mesir dadi kawirangan
dipasrahake marang ing tangane bangsa
saka ing lor.”
25Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Lah, Ingsun ndhatengake paukuman marang dewa Amon saka Tebe, marang Pringon dalah tanah Mesir, para dewane lan para ratune, yaiku marang Pringon dalah para wong kang pracaya marang dheweke. 26Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang ing tangane wong kang ngarah marang nyawane, yaiku ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil lan para punggawane. Nanging sawise iku, nagara iku bakal dienggoni kaya dhek jaman kuna, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.
27 #
Ym 30:10-11
Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi,
he Israel, aja kuwatir!
Amarga lah, Ingsun mitulungi sira saka ing
panggonan kang adoh,
tuwin turunira saka ing nagara pambuwangane.
Yakub bakal bali mulih
lan urip ayem sarta tentrem,
tanpa ana kang gawe giris.
28Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi,
– mangkono pangandikane Sang Yehuwah –,
amarga Ingsun nganthi sira,
sakehing bangsa ing nagara,
panggonan anggoningSun mbuyarake sira,
iku bakal Sunsirnakake,
nanging sira iku ora bakal Suntumpes,
Ingsun bakal nggitiki sira manut ing angger-angger,
nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira
tanpa kaluputan.”
Currently Selected:
YEREMIA 46: JAV
Highlight
Share
Copy

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.