Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap bangsa Filisti, sadurunge Sang Pringon nelukake Gaza.
“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:
Lah banyu kang mbludag ngamuk saka lor
dadi kali kang banjir
ngelebi nagara saisine,
kutha dalah kang manggon.
Manungsa bakal padha sesambat,
sarta wong kang manggon ing kutha
bakal padha nangis