YESAYA 63
63
Paukuman marang Edom minangka piwales
63:1-6
1 #
Ye 34:5-17; Ym 49:7-22; Yk 25:12-14, 35:1-15; WB 1:11-12; Ob 1-14; Ml 1:2-5 “Sapa ta kang rawuh saka ing Edom,
kang rawuh saka ing Bozra kalawan ngagem rasukan abang iku,
kang katon mawa cahya marga saka pangagemane kang kaya mangkono iku,
kang lumampah kalawan ngagem kakiyatan kang linuwih iku?”
“Iya Ingsun iki, kang janji bakal paring pangadilan,
lan kang kagungan kwaos paring pangluwaran!”
2“Punapa sababipun, dene pangageman Paduka abritipun kados makaten,
saha agemipun rasukan kok ngnatos kados rasukanipun tiyang ingkang mipit anggur?”
3 #
Wy 14:20, 19:13, 15 “Ingsun mung piyambakan bae anggoningSun mipit,
lan panunggalane umatingSun ora ana kang ngrewangi Ingsun!
Ingsun wus mipit para bangsa ing sajroning bebenduningSun,
wus padha Sunidak-idak ing sajroning mulad-mulading dukaningSun,
getihe muncrat-muncrat marang ing rasukaningSun,
sarta pangagemaningSun kabeh wus gluprut getih.
4Amarga dinaning piwales wus Sunrancang
lan wus tumeka ing taun anggoningSun pepulih.
5 #
Ye 59:16
Ingsun mirsani ngiwa-nengen: ora ana kang tetulung;
Ingsun ngungun: kok ora ana kang mbiyantu.
AstaningSun kang banjur mitulungi Ingsun,
lan mulad-mulading bebenduningSun,
iku kang mbiyantu Ingsun.
6Ing sajroning dukaningSun iku bangsa-bangsa padha Sunidak-idak,
padha Sunremuk ing sajroning mulad-mulading bebenduningSun,
getihe Sundamel blabaran ana ing bumi.”
Pangakune Israel sarta panyuwunane ing sajroning pandonga
63:7–64:12
7Kawula badhe mratelakaken sih-susetyanipun Pangeran Yehuwah,
pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut,
laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita,
tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisrael
ingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipun
tuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng.
8Panjenenganipun rak sampun ngandika:
“Iku sanyata umatingSun,
putra-putra kang ora bakal tumindak culika,”
mila Panjenenganipun dados Pamartanipun
9ing salebeting karupekanipun sadaya.
Sanes duta utawi utusan,
nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari;
Panjenenganipun ingkang nebus
margi saking tresna tuwin welasipun.
Ing jaman kina sami dipun junjung
saha dipun gendhong.
10Ewadene lajeng sami mbalela
sarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci;
mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun,
saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun.
11Nunten sami kengetan dhateng jaman kina,
jamanipun Nabi Musa, abdinipun punika:
Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngentas saking seganten
sesarengan kaliyan pangening menda-mendanipun?
Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang
ngesokaken Rohipun ingkang suci wonten ing manahipun;
12 #
Pa 14:21
ingkang kalayan astanipun ingkang luhur
nganthi Nabi Musa wonten ing tengenipun;
ingkang mbelah toya wonten ing ngajenging umatipun
supados langgengnga asmanipun;
13ingkang nuntun umatipun nglangkungi samodra agung
kadosdene kapal nglangkungi ara-ara samun?
Tiyang-tiyang wau boten nate kesandhung,
14kadosdene raja-kaya ingkang tumurun ing lebak.
Rohipun Sang Yehuwah nuntun dhateng ing palereman.
Inggih makaten punika anggen Paduka nuntun umat Paduka supados asma Paduka kaluhuraken.
15Paduka mugi karsaa mirsani saking swarga
saha karsaa nguningani saking padaleman Paduka ingkang suci saha agung!
Wonten ing pundi ta bentering panggalih Paduka saha kasantosan Paduka,
panggalih Paduka ingkang trenyuh tuwin sih-piwelas Paduka?
Paduka mugi sampun ngantos ngampah panggalih Paduka piyambak!
16Paduka punika rak Rama kawula sadaya?
Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya,
saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya.
Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya;
asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.
17Dhuh Yehuwah, punapa sababipun dene Paduka ngetogaken anggen kawula sami kesasar nyimpang saking ing margi Paduka,
tuwin punapa sababipun dene Paduka mangkotaken manah kawula,
satemah lajeng boten sami ajrih dhumateng Paduka?
Paduka mugi karsaa wangsul margi saking para abdi Paduka,
margi saking taler-talering bangsa kagungan Paduka!
18Punapa sababipun dene tiyang-tiyang dosa sami ngremehaken padaleman Paduka ingkang suci,
mengsah kawula sami ngidak-idak pasucen Paduka?
19Kawontenan kawula punika kados-kados saking ing jaman kina
kawula sami dereng nate wonten ing sangandhaping paprentahan Paduka,
kados-kados asma Paduka dereng nate kasebutaken
tumrap kawula sadaya.
Currently Selected:
YESAYA 63: JAV
Highlight
Share
Copy

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.