Kawula badhe mratelakaken sih-susetyanipun Pangeran Yehuwah,
pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut,
laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita,
tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisrael
ingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipun
tuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng.