Ing dhuwure tembok-tembokira, he Yerusalem,
wus Sunpasangi wong jaga.
Ing sadina-dina lan ing sawengi-wengine,
iku padha ora tau meneng.
He kowe kang kudu ngengetake Pangeran Yehuwah marang Sion,
kowe aja padha mung meneng bae
lan aja koketogake bae Panjenengane kendel,
nganti Yerusalem kasantosakake dening Panjenengane
tuwin kadadekake misuwur ana ing bumi.