YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 62

62
Karahayoning Sion bakal enggal kaparingake
62:1-12
1Marga saka Sion aku ora bisa meneng,
lan marga saka Yerusalem aku ora bakal leren,
nganti tumeka kabenerane sumunar kaya cahya
lan karahayone murub kaya obor.
2Para bangsa banjur bakal padha ndeleng kabeneranmu,
lan sakehing ratu bakal padha mirsani kamulyanmu,
tuwin wong bakal ngarani kowe nganggo jeneng anyar
kang bakal katemtokake dening Sang Yehuwah piyambak.
3Kowe bakal dadi makuthaning kamulyan ana ing astaning Pangeran Yehuwah,
lan serbaning karajan ana ing astaning Allahmu.
4Kowe ora bakal diarani maneh “kang ditinggal ing bojo”,
tuwin nagaramu ora bakal kasebut maneh “kang sepi”,
nanging kowe bakal diarani “kang ndadekake keparengingSun”
lan nagaramu “kang duwe bojo”,
amarga kowe wus ndadekake keparenging Sang Yehuwah,
lan nagaramu bakal duwe bojo.
5Amarga kayadene jaka duwe bojo prawan,
mangkono uga Panjenengane kang mbangun kowe bakal dadi jodhomu,
lan kayadene bungahing atine penganten lanang ndeleng penganten wadon,
mangkono uga Gusti Allahmu bakal rena ing panggalih marga saka kowe.
6Ing dhuwure tembok-tembokira, he Yerusalem,
wus Sunpasangi wong jaga.
Ing sadina-dina lan ing sawengi-wengine,
iku padha ora tau meneng.
He kowe kang kudu ngengetake Pangeran Yehuwah marang Sion,
kowe aja padha mung meneng bae
7lan aja koketogake bae Panjenengane kendel,
nganti Yerusalem kasantosakake dening Panjenengane
tuwin kadadekake misuwur ana ing bumi.
8Pangeran Yehuwah wus supaos demi astane kang tengen,
demi astane kang kiyat:
“Lah Ingsun ora bakal maringake gandumira maneh marang mungsuhira minangka pangane,
lan wong-wong bangsa liyan ora bakal ngombe anggurira kang wus sira olah kanthi rekasa;
9nanging wong kang ngeneni uga bakal mangan
lan bakal memuji marang Pangeran Yehuwah,
tuwin wong kang nglumpukake uga bakal ngombe
ana ing plataran-plataraning pasuceningSun.”
10Lumakua, lumakua metu ing gapura,
nyawisna dalan kanggo umat,
bukaken, bukaken lurunge gedhe,
singkirna watu-watune,
masanga gendera kanggo para bangsa!
11 # Ye 40:10; Wy 22:12 Amarga iki kang wus kaundhangake dening Pangeran Yehuwah
nganti tekan ing poncoting bumi!
Wartakna marang putri Sion:
Lah karahayonmu teka;
lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose
padha bareng kalawan Panjenengane,
sarta kang wus dadi kagungane iku
padha lumaku ana ing ngarsane.
12Iku bakal padha diarani ing wong “bangsa kang suci”,
“para tetebusane Pangeran Yehuwah”,
dene kowe bakal kasebut “kang digoleki”,
“kutha kang ora ditinggal”.

Currently Selected:

YESAYA 62: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in