YESAYA 57
57
1Wong bener tiwas,
lan ora ana wong siji-sijia kang maelu;
wong mursid padha kajabut nyawane,
tuwin ora ana wong siji-sijia kang mreduli;
sanyata, marga saka sumrambahe piala,
nyawane wong mursid kajabut,
2nanging banjur lumebu ing papaning katentreman;
wong kang urip kalawan ati kang lurus
bakal oleh palereman ana ing paturone.
3Nanging sira kabeh iku padha nyedhaka mrene,
he para anake wong wadon juru tenung,
he turune wong kang laku jina
lan wong wadon tunasusila!
4Sira padha nganggo gegojegan sapa,
sapa kang padha sira celathoni kalawan tetembungan kang ora-ora
lan kang sira erang-erang iku?
Apa sira kabeh iku dudu anaking wong mbalela,
turuning wong cidra?,
5he para wong kang padha kaobong dening hawa-nepsune ana ing sacedhake wit-wit kang kramat,
ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,
he para wong kang nyembeleh bocah ana ing lebak-lebak,
ing sela-selaning tengger parang.
Nyembah brahala ateges laku jina
57:6-13
6Sira mung kadunungan watu-watu kang klimis kang saka ing kali,
lan iya mung iku kang katemtokake tumrap sira;
iku uga padha sira wenehi kurban unjuk-unjukan,
lan sira ladeni kurban dhaharan.
Apa Ingsun bakal nyabari kang mangkono iku?
7Sira mrenahake paturonira
ana ing gunung kang dhuwur lan munggul
tuwin sira uga banjur munggah ing gunung kono
prelu ngladekake kurban sembelehan.
8Sira ndekek lambanging brahalanira
ana ing dhempeling lawang lumebu ing omahira,
malah sira wus ninggal Ingsun
lan cucul sandhangan babar pisan,
sira wus ngunggahi tuwin ngambakake paturonira;
sira wus nganakake prajanjian karo wong sawatara kang sira karepake
sira ajak sapaturon
sarta sira ngawasake palanangane.
9Sira marani Molokh kalawan nggawa lenga tuwin wewangen akeh;
para kongkonanira padha sira lakokake nganti adoh,
nganti tekan ing ngisoring jagading wong mati.
10Marga saka anggonira lumaku adoh iku sira banjur wus kesel lan lesu,
nanging sira ora muni: “Ora ana pangarep-arep!”
Sira oleh kakuwatan maneh,
mulane sira ora dadi sayah.
11Sapa ta kang marakake sira giris lan wedi,
dene sira nganti cidra
lan ora eling marang Ingsun
utawa banjur ora mreduli marang Ingsun?
Apa ora marga saka anggoningSun kendel bae
lan ngeremake paningalingSun,
sira nuli ora wedi marang Ingsun!
12Ingsun arsa mratelakake kamursidanira
lan sakehing panggawenira,
nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane:
13samangsa sira sesambat,
para brahalanira kareben ngluwari sira!
Iku bakal padha kabur ing angin,
sarta padha kasirnakake dening sumentoring abab.
Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumi
lan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci.
Tembung-tembung panglipur
57:14-21
14Ana kang ngandika:
“Bukaken, bukaken, nyawisna dalan,
singkirna watu sandhungan kang ana ing dalaning umatingSun!”
15Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya,
kang lenggah ing dhampar ing salawase
lan kang asma Kang Mahasuci:
“Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci
nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor,
prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor
sarta nguripake atine para wong kang rempu.
16Amarga Ingsun ora bakal padudon ing salawase,
lan ora bakal terus duka,
supaya semangate wong aja nganti lemes lesu ana ing ngarsaningSun,
mangka iya Ingsun kang nitahake napasing urip.
17Ingsun duka marga saka durakaning srakahe,
banjur Sunrangket, Ingsun nyingidake pasuryaningSun lan duka,
nanging dheweke banjur murtad,
lumaku ing dalan kang dadi pilihaning atine.
18Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku,
ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntun
tuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur;
uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin
19 #
Ef 2:17
Ingsun bakal karya pepujian.
Tentrem, tentrem rahayu marang
wong kang adoh lan kang cedhak
– mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah –
sarta kang bakal Sunwarasake!
20Nanging para wong duraka iku kaya sagara kang ngombak-ombak
amarga ora bisa lestari tentrem,
sarta iline ngumbulake rereged lan endhut.
21 #
Ye 48:22
Wong duraka iku ora kadunungan katentreman,”
mangkono pangandikane Gusti Allahku.
Currently Selected:
YESAYA 57: JAV
Highlight
Share
Copy

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.