YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 56

56
BAB 56-66
TUMURUNING KARAHAYON LAN SARAT-SARATE
Karahayon iku kanggo wong kabeh
56:1-8
1Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:
Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan,
awit sadhela engkas karahayon
kang saka Ingsun wus bakal teka,
sarta kaadilaningSun bakal kalairake.
2Rahayu wong kang nglakoni,
lan anaking manungsa kang nggondheli iku,
kang netepi dina Sabat lan ora dinajisake,
sarta kang mekak awake aja nganti nindakake sadhengaha piala.
3Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu:
“Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,”
sarta aja nganti wong kebiren muni:
“Aku iki satemene wit kang garing.”
4Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:
“Para wong kebiren kang padha netepi dina-dina SabatingSun
lan kang padha milih apa kang Sunkarsakake
sarta kang gondhelan marang prajanjianingSun,
5iku ana ing padalemaningSun
lan ana ing wewengkoning tembok-tembokingSun
bakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng
– iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, –
sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirna
bakal Sunparingake marang wong-wong iku.
6Anadene para wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah
prelu ngladosi Panjenengane,
lan nresnani asmaning Sang Yehuwah
sarta sumedya ngabdi marang Panjenengane,
kabeh kang netepi dina Sabat lan ora najisake,
tuwin kang gondhelan marang prajanjianingSun,
7 # Mt 21:13; Mk 11:17; Lk 19:46 iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci
lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun.
Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehan
kang kacaosake ana ing misbyahingSun,
awit padalemaningSun bakal sinebut
dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.
8Mangkene pangandikane Pangeran Allah
kang nglempakake para wong Israel kang kabuwang:
Ingsun bakal nglempakake wong maneh
Sunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”
Para pemimpin kang duraka
56:9–57:5
9He sakehe kewan ing ara-ara,
he sakehe kewan ing alas,
padha mrenea lan padha mangana!
10Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta,
kabeh padha ora ngreti apa-apa;
kabeh iku asu bisu,
kang ora bisa njegug;
padha keklemprakan kalawan ngalamun
sarta mung padha seneng turu bae;
11asu-asu kang srakah,
kang ora tau krasa wareg.
Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon,
kang padha ora bisa neniteni!
Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh,
siji-sijine padha mburu kauntungan,
ora ana kang ora mangkono.
12“Mrenea,” mangkono celathune,
“aku arep njupuk anggur,
ayo padha ngombe arak kang akeh;
sesuk bakal padha karo dina iki,
malah luwih dening ngedab-edabi!”

Currently Selected:

YESAYA 56: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in