Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 95

95
MASMUR 95
Yehuwah kurmatana lan sujudana
95:1-11
1Ayo padha surak-surak ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah,
surak-surak kagem Paranging karahayon kita.
2Ayo padha methukake wedanane kalawan kidung pamuji sokur,
surak-surak kanthi pangidung masmur ana ing ngarsane.
3Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung,
sarta Raja agung kang ngungkuli sakehing allah.
4Telenging bumi ana ing astane,
pucaking gunung-gunung iku uga kagungane.
5Segara uga kagungane, Panjenengane kang nitahake,
sarta astane kang yasa dharatan.
6Lumebua, payo padha tumungkul sujud,
padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita,
7 # Ib 3:7-11, 15, 4:3-11 awit Panjenengane iku Gusti Allah kita,
kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane.
Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane!
8 # Pa 17:1-7; Wi 20:2-13 Sira aja mangkotake atinira kaya nalika ana ing Meriba,
kaya ing dina nalika ana ing Masa ana ing pasamunan,
9nalika leluhurira padha nyoba marang Ingsun,
padha ndadar Ingsun, sanadyan wus padha ndeleng pakaryaningSun.
10Patang puluh taun lawase enggoningSun pegel ing galih ing bab jinis iku.
PangandikaningSun: “Iku bangsa kang kesasar atine,
padha ora nyumurupi dalan pitedahingSun.”
11 # Wi 14:20-23; PT 1:34-36, 12:9-10 Mulane Ingsun wus supaos ing sajroning dukaningSun:
“Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing padalemaningSun.”

Atualmente Selecionado:

JABUR 95: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login