Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 127

127
MASMUR 127
Berkahe Pangeran Yehuwah kawitaning kaslametan
127:1-5
1Kidung jiyarah anggitane Prabu Suleman.
Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah,
tanpa gawe panggarape tukange;
manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita,
tanpa gawe wong jaga anggone melek.
2Tanpa guna anggonmu tangi esuk umun-umun,
lan lelungguhan nganti bengi,
lan mangan roti kang anggone oleh kalawan rekasa,
amarga iku diparingake dening Panjenengane marang kang ditresnani nalika pinuju turu.
3Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah,
wohing wetengan iku sawijining pituwas.
4Kaya panah ana ing tangane wong prawira,
kaya mangkono mungguh anak-anak nalika nome.
5Begja wong kang endhonge dikebaki
kalawan iku kabeh.
Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugan
karo mungsuh ana ing gapura.

Atualmente Selecionado:

JABUR 127: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login