Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 123

123
MASMUR 123
Ngarep-arep marang kanugrahaning Pangeran Yehuwah
123:1-4
1Kidung jiyarah.
Mripat kawula tumenga dhumateng Paduka
ingkang adhedhampar wonten ing swarga.
2Inggih kados mripating abdi jaler
anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun,
utawi kados mripatipun abdi estri
anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun putri,
inggih makaten mripat kawula sadaya, anggenipun sami mulat dhumateng Yehuwah Allah kita,
ngantos rinentahan ing sih-piwelasipun.
3Kawula mugi sami Paduka welasi, dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka welasi,
margi sampun tuwuk anggen kawula sami karemehaken;
4nyawa kawula sampun langkung dening tuwuk
dhateng pamoyokipun para tiyang ingkang rumaos tentrem,
tuwin dhateng tiyang gumunggung anggenipun sami ngremehaken.

Atualmente Selecionado:

JABUR 123: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login