Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 121

121
MASMUR 121
Pangeran Yehuwah, kang rumeksa bangsa Israel
121:1-8
1Kidung jiyarah.
Mripatku tumenga marang gunung-gunung;
pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi?
2Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah,
kang nitahake langit lan bumi.
3Panjenengane ora bakal marengake yen sikilku gloyoran,
kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk.
4Sayektine kang ngreksa Israel ora ngantuk
lan ora sare.
5Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe,
Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu.
6Srengenge ora bakal nglarani kowe ing wayah awan,
utawa rembulan ing wayah bengi.
7Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai;
nyawamu direksa.
8Pangeran Yehuwah bakal ngreksa marang lebu lan wetumu,
wiwit ing samengko tumeka ing delahan.

Atualmente Selecionado:

JABUR 121: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login