Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 116

116
MASMUR 116
Oncat saka ing bebandaning pati
116:1-19
1Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakake
swaraku lan panyuwunku,
2sarta talingane nilingake aku,
mulane sajegku urip aku bakal nyebut marang Panjenengane.
3Aku digubed ing talining pati,
sarta ditempuh ing rasa wedi marang jagading wong mati,
tuwin ngrasakake karupekan lan kasusahan.
4Nanging aku nyebut asmaning Pangeran Yehuwah:
“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.”
5Pangeran Yehuwah iku asih-mirma lan adil,
Gusti Allah kita iku ambek welasan.
6Pangeran Yehuwah iku rumeksa marang wong prasaja;
aku wus lemes, nanging banjur dipitulungi dening Panjenengane.
7Dhuh nyawaku, puliha dadi ayem maneh,
awit Pangeran Yehuwah wus nyaeni marang kowe.
8Inggih, Paduka sampun ngluwari kawula saking pejah,
lan mripat kawula saking luh,
tuwin suku kawula saking sesandhungan.
9Aku diparengake lumaku ana ing ngarsaning Sang Yehuwah,
ana ing tanahe wong urip.
10 # 2Kr 4:13 Aku pracaya, sanajan duwe pangucap:
“Banget temen anggonku katindhes.”
11Ing sajroning kabingunganku aku ngucap:
“Manungsa iku padha dora-cara kabeh.”
12Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah,
tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?
13Aku arep njunjung tuwunging pangentasan
lan arep nyebut asmaning Pangeran Yehuwah,
14arep ngluwari kaulku marang Sang Yehuwah
ana ing ngarepe umat kabeh.
15Patine para kekasihe iku akeh pangajine
ana ing paningaling Sang Yehuwah.
16Dhuh Yehuwah, kawula punika abdi Paduka,
inggih estu abdi Paduka, anakipun parekan Paduka;
Paduka ingkang sampun nguculi bebandan kawula.
17Paduka badhe kawula saosi kurban pamuji sokur,
saha badhe nyebut asmaning Sang Yehuwah.
18Dakngluwari kaulku marang Pangeran Yehuwah
ana ing ngarepe umate kabeh,
19ing platarane padalemaning Pangeran Yehuwah,
ana ing satengahmu, he Yerusalem!
Haleluya!

Atualmente Selecionado:

JABUR 116: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login