Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 110

110
MASMUR 110
Jumenenge Ratu-Imam
110:1-7
1 # Mt 22:44; Mk 12:36; Lk 20:42-43; PR 2:34-35; 1Kr 15:25; Ef 1:20; Kl 3:1; Ib 1:13, 8:1, 10:12-13 Masmur anggitane Prabu Dawud.
Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten:
“Sira lenggaha ana ing tengeningSun,
nganti tumeka mungsuhira
wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”
2Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion;
Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka!
3Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen;
saking guwa-garbaning bangbang wetan
kaaneman Paduka medal kados ebun.
4 # Ib 5:6, 6:20, 7:17, 21 Pangeran Yehuwah sampun supaos,
sarta badhe boten keduwung:
“Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase
manut tatanane Melkisedhek.”
5Pangeran wonten ing tengen Paduka,
ngremuk para raja pinten-pinten ing dintening bebendunipun;
6Pangeran ngadili wonten ing antawisipun para bangsa ngantos bathang-bathang sami pating glimpang.
Panjenenganipun ngejur tiyang-tiyang ingkang dados pangageng ing nagari ingkang wiyar.
7Wonten pinggir margi Panjenenganipun ngunjuk ing lepen,
temah ndengengekaken mastakanipun.

Atualmente Selecionado:

JABUR 110: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login