Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 106

106
MASMUR 106
Sih-susetyane Gusti Allah lan wangkoting atine bangsa Israel
106:1-48
1Haleluya!
Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!
Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.
2Sapa kang bisa nyaritakake pakaryaning Sang Yehuwah kang linuwih,
tuwin martakake sakehing pangalembana marang Panjenengane?
3Rahayu wong kang netepi angger-angger,
kang nindakake kaadilan ing salawas-lawase.
4Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka engeti, awit saking kamirahan Paduka dhateng umat Paduka,
Paduka mugi kersaa migatosaken dhumateng kawula demi karahayon Paduka,
5supados kawula sageda ningali kabegjanipun para pepilihan Paduka,
supados kawula tumuta bingah ing salebeting kabingahanipun umat Paduka,
sarta supados saged nglairaken panggunggung sesarengan kaliyan umat kagungan Paduka piyambak.
6Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa,
kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.
7 # Pa 14:10-12 Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir,
sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka,
sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka,
malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur,
wonten ing pinggiripun seganten Teberau.
8Ewadene padha dipitulungi slamet Gusti Allah marga saka asmane,
supaya padha sumurupa marang kakiyatane.
9 # Pa 14:21–15:21 Segara Teberau didukani temah dadi asat,
para leluhur banjur padha dilakokake ana ing samodra agung,
kayadene liwat ing ara-ara samun.
10Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit,
sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh.
11Mungsuhe padha kasasaban ing banyu,
ora ana kang kari siji-sijia.
12Nalika iku para leluhur banjur padha ngandel marang pangandikane,
sarta ngidungake pepujian katur ing Panjenengane.
13Nanging banjur enggal padha lali marang pakaryane,
lan ora nyrantekake marang pitedahe;
14 # Wi 11:4-34 padha ngumbar hawa-napsune ana ing segara wedhi,
sarta nyoba marang Gusti Allah ana ing ara-ara samun.
15Padha diuja kekarepane,
nanging awake uga banjur diganjar lelara nglayung.
16 # Wi 16:1-35 Sawuse mangkono padha meri marang Nabi Musa ana ing pakemahan,
tuwin marang Imam Harun, abdining Pangeran Yehuwah kang suci.
17Bumi tumuli bengkah nguntal Dhatan,
sarta ngingkemi grombolane Abiram.
18Ana geni kang mulad-mulad ing tengahe grombolan mau,
lan urube nggesengake para wong kang duraka iku.
19 # Pa 32:1-14 Ana ing gunung Horeb padha gawe reca pedhet,
sarta sujud marang reca cithakan;
20padha ngijolake Kamulyane
kalawan wewujudan sapi lanang kang mangan suket.
21Padha lali marang Gusti Allah juru Pangluwarane,
kang wus nindakake prakara-prakara kang gedhe ana ing tanah Mesir;
22pandamel-pandamel kang elok ana ing tanahe Kham,
pandamel-pandamel kang nggegirisi ana ing sapinggire segara Teberau.
23Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur,
yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran,
nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.
24 # Wi 14:1-35 Para leluhur padha ngemohi negara kang adi iku,
padha ora ngandel marang pangandikane,
25malah padha pating kedumel ana ing kemahe,
lan ora ngrungokake marang swantene Pangeran Yehuwah,
26mulane Pangeran banjur ngagagake astane marang para leluhur,
arep padha dipateni ana ing ara-ara samun,
27 # Km 26:33 sarta turune bakal padha dibuyarake ana ing antarane para bangsa,
lan disebar menyang ing negara-negara.
28 # Wi 25:1-13 Apadene padha rumaket marang Baal-Peor,
sarta mangan kurban-kurban sembelehan kanggo wong mati.
29Dadi padha gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pratingkahe mau,
mulane padha katempuh ing wewelak.
30Pinehas tumuli tumandang nindakake pangadilan,
temah wewelak mau banjur sirep.
31Bab iku kapetung dadi jasane turun-tumurun ing salawas-lawase.
32 # Wi 20:2-13 Ana ing sacedhake banyu ing Meriba,
para leluhur padha gawe dukaning Allah,
satemah Nabi Musa banjur ketaman ing karubedan,
marga saka para leluhur mau,
33amarga para leluhur padha njalari dukane Nabi Musa,
nganti panjenengane ketrucut anggone ngandika.
34 # PH 2:1-3, 3:5-6 Para bangsa padha ora dibengkas,
kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhur,
35nanging padha tetunggalan karo para bangsa mau,
lan niru pratingkahe,
36brahalane padha disembah,
temah dadi kalajiret tumrap para leluhur.
37 # 2Ra 17:17 Padha ngurbanake anak-anake lanang,
lan anak-anake wadon marang para roh reged,
38 # Wi 35:33 dadi padha ngwutahake getihe wong kang ora luput,
iya iku getihe anake lanang lan wadon,
kang padha disembeleh dadi sesajen marang brahalane wong Kanaan,
temah negara kono banjur najis awit saka anggone utang getih mau.
39Padha najisake awake dhewe srana pratingkahe iku,
sarta padha laku jina ing sajroning panggawene mau.
40 # PH 2:14-18 Mulane bebenduning Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang umate,
sarta ewa marang bangsa kagungane piyambak iku,
41banjur padha diulungake marang ing tangane bangsa liyan,
satemah kawasesa ing wong kang padha nyengiti.
42Padha kaindhes-indhes dening mungsuhe,
satemah teluk marang ing pangwasane.
43Wus bola-bali anggone padha dipitulungi dening Gusti Allah,
nanging padha mbalela wae kanthi rancangan-rancangane,
padha kerem ing sajroning kaluputane.
44Ewadene Gusti Allah mirsani ing karubedane,
nalika miyarsa pasambate.
45Panjenengane enget marang prasetyane marga saka para leluhur mau,
temah kaduwung marga saka gedhening sih-kadarmane.
46Padha diparengake oleh kawelasan
saka ing sakehing wong kang padha nawan.
47 # 1Bb 16:35-36 Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka luwari,
sami kaklempakna saking ing antawisipun para bangsa,
supados kawula sami ngucap sokur dhumateng asma Paduka ingkang suci,
sami ageng ing manah kalayan ngaturaken pepujian dhumateng Paduka.
48Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,
saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan
sarta umate kabeh padha ngucapa: “Amin!”
Haleluya!

Atualmente Selecionado:

JABUR 106: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login