Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 103

103
MASMUR 103
Heh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah
103:1-22
1Anggitane Prabu Dawud.
Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!
Heh isining batinku kabeh, memujia marang asmane kang suci!
2Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah,
lan aja lali marang sakehing kasaenane!
3Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu,
lan maluyakake sakehe lelaramu.
4Kang ngentas uripmu saka ing kubur,
lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan,
5kang maregi kekarepanmu kalawan apa kang becik,
temah kowe kaenomake maneh kaya manuk garudha.
6Pangeran Yehuwah paring adil
lan kabeneran marang sakehing wong kang kinaniaya.
7Nabi Musa wus disumurupake marang margi-margine,
lan pakaryan-pakaryane marang wong Israel.
8Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih,
gedhe sabare lan luber sih-susetyane;
9ora tansah ndedukani,
anggone duka ora ing salawase.
10Kang katandukake marang kita ora timbang karo dosa kita,
anggone paring piwales marang kita ora ing sabobote kaluputan kita,
11nanging sapira dhuwure langit ngungkuli bumi,
iya samono gedhene sih-kadarmane tumrap para kang ngabekti marang Panjenengane;
12sapira dohe wetan saka ing kulon,
iya samono anggone nebihake panerak kita saka ing kita.
13Kayadene bapa anggone duwe piwelas marang anak-anake,
iya kaya mangkono Yehuwah anggone paring piwelas
marang para wong kang ngabekti marang Panjenengane.
14Amarga Panjenengane mirsa kadadean kita iku saka apa,
sarta enget yen kita iki lebu.
15Anadene manungsa iku dina-dinane kaya suket,
kaya kembang ing ara-ara, kaya mangkono anggone akembang;
16manawa kasiliran ing angin, banjur wus ora ana,
tilas panggonane wus ora wanuh marang dheweke maneh.
17Nanging sih-susetyaning Pangeran Yehuwah,
iku wiwit ing kalanggengan nganti tekan ing kalanggengan, tumrap para wong kang ngabekti marang Panjenengane,
apadene kaadilane tumrap para anak-putune,
18tumrap para wong kang padha ngandhemi ing prasetyane
lan kang eling marang dhawuhe, nedya diestokake.
19Pangeran Yehuwah wus nyantosakake dhampare ana ing swarga,
sarta karajane mengku samubarang kabeh.
20He para malaekate, para prawira prakosa kang nglakoni apa sadhawuhe,
kalawan ngrungokake swaraning pangandikane,
padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.
21He sakehing wadya-balane lan abdine kang nglakoni sakarsane,
padha saosa puji marang Sang Yehuwah.
22 # Yb 5:11 He sakehing yeyasane,
ing sawewengkone pangwasane,
padha saosa puji marang Sang Yehuwah!
He nyawaku, saosa puji marang Sang Yehuwah.

Atualmente Selecionado:

JABUR 103: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login