Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

JABUR 101

101
MASMUR 101
Nadaring ratu
101:1-8
1Masmur anggitane Prabu Dawud.
Kawula badhe ngidungaken sih-susetyan lan angger-angger,
kawula badhe ngrepekaken masmur kagem Paduka, dhuh Yehuwah.
2Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad:
Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula?
Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik
wonten ing griya kawula.
3Kawula boten badhe manah
dhateng prakawis ingkang awon,
pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti,
boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula.
4Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula,
kawula boten badhe purun tepang kaliyan piawon.
5Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun,
punika badhe kawula tumpes,
tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun,
punika kawula boten remen.
6Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari,
supados sami manggen nunggil kaliyan kawula.
Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun,
punika badhe ngladosi kawula.
7Tiyang ingkang lampah culika
boten badhe manggen ing griya kawula,
sinten ingkang dora-cara
boten badhe tetep wonten ing ngajeng kawula.
8Saben enjing kawula badhe numpes
sakathahing tiyang duraka,
ingkang wonten ing nagari;
sakathahing tiyang ingkang lampah awon,
badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah.

Atualmente Selecionado:

JABUR 101: JAV

Destaque

Compartilhar

Copiar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login