YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 93

93
MASMUR 93
Pangeran Yehuwah Ratu kang langgeng
93:1-5
1Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan,
Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan.
Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing.
2Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin,
wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.
3Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak,
lan sami ngulukaken swaranipun,
saha sami ngulukaken jumleguripun.
4Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur,
ngungkuli kumrasaking banyu agung,
ngluwihi jumleguring alun ing segara.
5Pranatan Paduka sanget kenceng,
padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci,
dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.

Currently Selected:

JABUR 93: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in