YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 92

92
MASMUR 92
Pangeran Yehuwah Hakim kang adil
92:1-16
1Masmur, kekidungan ing dina Sabat.
2Ngucap sokur dhumateng Pangeran Yehuwah kanthi kekidungan punika prayogi,
makaten ugi nyaosi kidung masmur dhumateng asma Paduka,
dhuh Gusti Allah ingkang Mahaluhur,
3saha nyariyosaken sih-susetya Paduka ing wanci enjing
tuwin kasetyan Paduka ing wanci dalu,
4kanthi ngungelaken kawat sedasa kaliyan slukat,
binarung ing swaraning clempung.
5Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka,
kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.
6Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka,
sarta sanget lebet rancangan Paduka punika.
7Tiyang bodho boten badhe nyumerepi,
saha tiyang goblog ugi boten badhe mangretos bab punika.
8Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan,
sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembaka
punika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.
9Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka wonten ing ngaluhur ing salaminipun.
10Amargi saestu mengsah Paduka dhuh Yehuwah,
inggih sayektos mengsah Paduka badhe tumpes,
sakathahing tiyang ingkang tumindak awon badhe kabuyaraken.
11Nanging singat kawula Paduka inggilaken kados singating bantheng,
kawula ingesokan ing lisah jebad ingkang enggal;
12mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.
13Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma,
sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon;
14para kang katandur ana ing padalemaning Yehuwah,
bakal padha ngrembaka ana ing plataraning Allah kita,
15sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe,
padha dadi lemu lan seger,
16supaya bisaa nyaritakake yen Pangeran Yehuwah iku bener,
peparangku kang adoh saka ing laku cidra.

Currently Selected:

JABUR 92: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in