YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 91

91
Ana ing pangaubane Gusti Allah
91:1-16
1Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur
lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,
2iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula,
Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.”
3Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat,
lan saka pageblug kang mbilaeni.
4kowe bakal dikemuli kalawan elare,
bakal diayomi ing sangisoring swiwine,
kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.
5Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi,
marang panah kang lumepes ing wayah awan,
6marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng,
tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.
7Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu,
sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu,
ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;
8iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae,
lan ndeleng piwales marang para wong duraka.
9Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu,
Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu,
10Kowe ora bakal katempuh ing bilai,
sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu;
11 # Mt 4:6; Lk 4:10-11 awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe,
supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.
12Kowe bakal ditadhahi ing tangane,
supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu.
13 # Lk 10:19 Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi,
singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak.
14“Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari,
bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun.
15Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani,
ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi,
bakal Sunentasake lan Sunluhurake,
16bakal Sunwaregi kalawan umur dawa,
lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.”

Currently Selected:

JABUR 91: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in